Khutbah Jumat Spesial Tahun Baru Islam Bahasa Jawa: Muhasabah Diri di Akhir Tahun

- 13 Juli 2023, 19:40 WIB
Ilustrasi Khutbah Jumat Tahun Baru Islam
Ilustrasi Khutbah Jumat Tahun Baru Islam /

Salajengipun, shalawat lan salam mugi-mugi tansah kunjuk katur dhateng baginda Nabi Agung Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam ingkang sosok luar biasa, amargi sampun ngateraken kito angsal pinten-pinten macem nikmat, utaminipun nikmat iman lan nikmat islam.

Mugi-mugi kito ugi keserat dados umat ingkang senantiasa usaha nglampahaken ajaranipun lan neladani budi pekertinipun. Amin ya mujibassa’ilin.

Hadirin hafidhakumullah,

Nglangkungi mimbar ingkang mulia meniko, khatib gadhah pesen dhateng dhiri khatib pribadi khususipun lan dhateng jamaah jumah umumipun kangge sami-sami nginggahaken keimanan lan ketakwaan dhateng Allah subhanahu wata’ala.

Iman lan takwa kito buktikaken kaliyan nglampahaken sedoyo perintah-ipun lan nebihi sedaya larangan-ipun.

Baca Juga: Keren Banget! 15 Ide Ucapan Tahun Baru Islam 1445 H, Bisa Buat Caption Foto Atau Status Medsos

Hadirin hafidhakumullah,

Mboten kraos kito saat meniko sampun wonten ing pucuk warsa Islam utawi warsa hijriyah. Sekedhap malih kito ajeng nilaraken sasi Besar/Dzulhijjah 1444 Hijriyah lan mlebeti sasi Muharram/Sura 1445 Hijriyah.

Tamtu mawon, dados manungsa biasa kito mboten gadhah jaminan saged copot saking dosa. Malah, lampahan demi lampahan, ucap demi ucap mungkinaken kito lampah lepat.

Kadhang-kadhang kito gadhah maksud sae, nanging nyatanipun tiyang sanes tersinggung kaliyan gineman utawi sikap kito. Kadhang-kadhang kito mboten lampah menopo-menopo nanging faktanipun wonten ingkang salah paham kalih kito.

Halaman:

Editor: Rahman Wahid


Tags

Artikel Pilihan

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah