Khutbah Jumat Spesial Tahun Baru Islam Bahasa Jawa: Muhasabah Diri di Akhir Tahun

- 13 Juli 2023, 19:40 WIB
Ilustrasi Khutbah Jumat Tahun Baru Islam
Ilustrasi Khutbah Jumat Tahun Baru Islam /

Baca Juga: Kartu Prakerja Gelombang 57 Dibuka 14 Juli 2023, Lakukan Hal Ini Jika Ingin Lolos Pendaftaran

Kekait taubat nasuha, para ulama merinci sacacah syarat supados taubat dipuntampi Allah SWT.

Sepindah, inggih meniko niat kito taubat kedah tulus lan ikhlas, sanes amargi kajeng dipuji tiyang, utawi namung amargi kajeng ketingal saleh lan religius. Keranten, taubat meniko kedah dipunbangun inggil niat ingkang lurus, saestu ngarep-arep rida lan ampunan-ipun.

Kaping kalih, nggetuni lampahan dosa ingkang sampun dipunlampahaken. Ing ngrikilah susahipun taubat dhateng Allah, amargi manah kito asring susah dipun-ajak nggetuni lampahan lepat ingkang sampun dipunlampahaken. Kados pundi kito ajeng taubat kelawan temenan bilih manah kito mboten getun, utawi mboten ngakeni kelepatan.

Kaping tiga, syarat taubat nasuha inggih meniko mendhelaken semampu mungkin sedaya dosa, nggih alit utawi ageng. Keranten mboten wonten dosa alit bilih dipunlampahaken kaliyan terusan, lan mboten wonten dosa ageng bilih dipuntumuti kaliyan taubat.

Hadirin jamaah jumah rohimakumullah..

Mila sesarengan kaliyan bibaripun warsa 14…… Hijriyah meniko, sumonggo kito introspeksi lan nata manah, angen-angen. Sumonggo resiki badan, jernihaken manah kelawan taubat.

Kito sambut masa ngajeng lan warsa mangke kaliyan langkung optimis. Insyaallah, lantaran taubat lan usaha wangsul dhateng tuntunan Allah, jiwa, akal, keturunan, lan banda kito badhe dipun jagi lan gesang kito langkung ketata.

Baca Juga: Kecurangan Diduga Terjadi dalam PPDB 2023, DPRD Banten Minta Al Muktabar Bentuk Tim Khusus

Meniko lah khutbah singkat ingkang saged khatib aturaken. Mugi-mugi Allah paring pangapuro dhateng dosa-dosa kito setahun ingkang sampun keliwat. Lan mugi-mugi setahun ingkang badhe dugi Allah SWT tansah paring hidayah-ipun dhateng kito sami. Amin ya rabbal alamin.

Halaman:

Editor: Rahman Wahid


Tags

Artikel Pilihan

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah