Khutbah Jumat Spesial Tahun Baru Islam Bahasa Jawa: Muhasabah Diri di Akhir Tahun

- 13 Juli 2023, 19:40 WIB
Ilustrasi Khutbah Jumat Tahun Baru Islam
Ilustrasi Khutbah Jumat Tahun Baru Islam /

Pramila, ing momen akhir warsa 1444 Hijriyah meniko kito manfaatkan kangge merenung sekedhap bab kelepatan ingkang sampun kito lampahaken. Baik ingkang sengojo utawi mboten sengojo.

Bilih kito sampun rumaosi sadayaning kelepatan, mila kito kedah emut bilih sakathah napa mawon dosa kito, pangapuranipun Allah SWT langkung kathah. Sa-wiyar napa mawon dosa kito taksih wiyar Rohmat Allah SWT. Allah SWT berfirman lebeting al qur’an serat yusuf ayat 87:

 وَلَا تَا۟يْـَٔسُوا۟ مِن رَّوْحِ ٱللَّهِ ۖ إِنَّهُۥ لَا يَا۟يْـَٔسُ مِن رَّوْحِ ٱللَّهِ إِلَّا ٱلْقَوْمُ ٱلْكَٰفِرُونَ

“Lan aja siro berputus asa saka Rahmat Allah. Sabenere ora ana putus asa saka Rahmat Allah, kecuali kaum kang kafir”. (QS. Yusuf: 87).

Hadirin jamaah jumah rohimakumullah..

Atas sedaya dosa ingkang sampun kito lampahaken, mila Allah SWT sampun ngutus kito kangge taubat, sakepripun surah At-Tahrim ayat 8:

 يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا تُوبُوا إِلَى اللَّهِ تَوْبَةً نَصُوحًا

“Hai wong-wong kang beriman, bertaubato marang Allah kelawan taubat nasuha (taubat kang temanan).”

Lantaran ayat meniko, Allah badhe nedahaken dhateng hamba-ipun menawi Allah buka lawang pangapuro dhateng hamba-hamba-ipun. Amargi, mboten mungkin raosipun bilih Allah ngutus hamba-ipun taubat, sawentawis piyambakipun nutup lawang pangapuro.

Wondene ingkang dipunmaksud kaliyan taubat nasuha inggih meniko taubat ingkang dipunlampahaken kelawan semaksimal mungkin, artosipun mboten setengah-setengah, mboten namung dolanan. Artosipun dinten meniko kito taubat, benjing kito dosa malih, benjing taubat malih, lan salajengipun.

Halaman:

Editor: Rahman Wahid


Tags

Artikel Pilihan

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah