Khutbah Jumat Singkat, Rajab Bulan Menanam Kebaikan dengan Menggunakan Bahasa Jawa

- 3 Februari 2023, 06:37 WIB
Naskah Khutbah Jumat Rajab Bulan Menanam Kebaikan
Naskah Khutbah Jumat Rajab Bulan Menanam Kebaikan /

Kathah sanget hadits ingkang nyebat keutamaan shalat. ing antawisipun sabda Rasulullah:

 إِنَّ أَوَّلَ مَا يُحَاسَبُ بِهِ الْعَبْدُ يَوْمَ الْقِيَامَةِ مِنْ عَمَلِهِ صَلَاتُهُ فَإِنْ صَلُحَتْ فَقَدْ أَفْلَحَ وَأَنْجَحَ، وَاِنْ فَسَدَتْ فَقَدْ خَابَ وَخَسِرَ

Artosipun: Sabenere kang kaping kapisan dihisab ing siji kawula ing dina kiamat saka amale yaiku shalat. Menawa shalate becik, tenane dheweke untung lan sukses. Menawa rusak shalate tenane dheweke dadi wong kang rugi. (HR. Abu Dawud, an-Nasai lan at-Tirmidziy).

Ingkang perlu dados cathetan inggih meniko, menawi shalat mboten angsal ngadeg piyambak. Piyambakipun kedah dipunjangkepi syarat, rukun.

Wudhunipun kedah cocog aturan, adusipun kados pundi, waosan fatihah-ipun kados pundi, meniko ingkang betah kita introspeksi.

Sampun cocog aturan syara utawi dereng? Menawi dereng, sampun sungkan sowan kiai utawi ustadz kangge sinau.

Pados guru ingkang saged mbimbing dhateng Allah. Sampun ngantos pados ustadz ingkang malah nebihaken dhateng Allah.

Mugi-mugi kita lan keluwarga kita senantiasa angsal pitulungan saking Allah subhanahu wa taala ugi dipun paring pitulungan dados tiyang sae, gampil nglampahaken shalat lan amal-amal sae ingkang sanes. amin.

   بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَجَعَلَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاِت وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. إِنَّهُ هُوَ البَرُّ التَّوَّابُ الرَّؤُوْفُ الرَّحِيْمُ. أعُوذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطانِ الرَّجِيْم، بسم الله الرحمن الرحيم، وَالْعَصْرِ (١) إِنَّ الْإِنْسَانَ لَفِي خُسْرٍ (٢) إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ (٣) ـ  وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ أَرْحَمُ الرّاحِمِيْنَ

KHUTBAH JUMAT 2

Halaman:

Editor: Rahman Wahid

Sumber: KhutbahSingkat.com


Tags

Artikel Pilihan

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah