Khutbah Jumat Singkat, Rajab Bulan Menanam Kebaikan dengan Menggunakan Bahasa Jawa

- 3 Februari 2023, 06:37 WIB
Naskah Khutbah Jumat Rajab Bulan Menanam Kebaikan
Naskah Khutbah Jumat Rajab Bulan Menanam Kebaikan /

Hadirin ingkang dirahmati Allah

Ing sasi rejeb dados sasi nanem meniko, sampun ngantos kita nandur keawonan.

Minimal, bilih kita mboten saged nanem kelawan bantu utawi ndamel tiyang sanes bungah, samboten-mbotenipun sampun ngantos kita ngrugikaken tiyang sanes.

Sampun ngantos ngelarani tiyang lintu. Sumangga wiwit saking sasi rejeb ingkang mulia meniko.

Amargi midherek mayoritas ulama, kelebet ing antawisipun inggih meniko Imam Nawawi lebeting kitabipun ar-raudhah jelasaken ing dalu tanggal 27 Rejeb, rumiyin Nabi Muhammad diisra’ utawi dititahkan Allah nglampahaken perjalanan dalu saking Baitul Haram, Makkah tumuju Baitul Maqdis, Palestina.

Sasampunipun, Rasul dipuninggahaken saking Baitul Maqdis, Palestina tumuju Sidratil Muntaha kaliyan dipunkancani malaikat Jibril.

Singkat cerito, ing ngriku Nabi Muhammad angsal mandat shalat gangsal wekdal ingkang dipunwajibaken dhateng sedaya umat Muhammad.

Maasyiral hadirin

Kaliyan momentum isra’ mi’raj meniko, sumangga kita ngemut-emut wangsul kepripun kita dipun muliaaken Allah, kita saget sowan dhateng Allah sawanci-wanci ing ndalem saben dinten saben dalu, kita dipunwajibaken sowan panguwaos alam semesta sakathah minimal kaping gangsal.

Tiyang biasa ingkang badhe kepanggih menteri tamtu mboten gampil. Saged dados wekdal ingkang dipunbetahaken dumugi sepekan nembe saged kepanggih.

Halaman:

Editor: Rahman Wahid

Sumber: KhutbahSingkat.com


Tags

Artikel Pilihan

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah

x