Khutbah Jumat Singkat, Rajab Bulan Menanam Kebaikan dengan Menggunakan Bahasa Jawa

- 3 Februari 2023, 06:37 WIB
Naskah Khutbah Jumat Rajab Bulan Menanam Kebaikan
Naskah Khutbah Jumat Rajab Bulan Menanam Kebaikan /

Hadirin Jemuwah ingkang bahagia

Kados ingkang sampun kita mangertosi, Rejeb inggih meniko kelebet sasi wigatos lan utami lebet sawarsa.

Ing sasi meniko tiyang-tiyang dilarang nglampahaken peperangan lan ngangkat senjata. Dados sinten mawon rumaos aman.

Malah para pakar fiqih ngawrati sanksi diyat kangge sintena ingkang mejahi salah setunggaling tiyang ing bulan-bulan meniko kaliyan hukuman ingkang langkung awrat.

Baca Juga: Khutbah Jumat Singkat, Rajab Bulan Menanam Kebaikan dengan Menggunakan Bahasa Indonesia

AL-Imam Fakhruddin ar-Razi lebet tafsiripun njlentrehaken tentang sekawan sasi ingkang dimuliakan kasebat:

 وَمَعْنَى الْحُرُمِ: أَنَّ الْمَعْصِيَةَ فِيهَا أَشَدُّ عِقَابًا، وَالطَّاعَةَ فِيهَا أَكْثَرُ ثَوَابًا

Artosipun: Ingkang dipunmaksud kaliyan bulan-bulan ingkang dimuliakan ing ngriki, saestunipun maksiat lebeting sasi meniko siksanipun langkung awrat. Bilih nglampahaken ketaatan, pahalanipun bakal ditikelaken.

Ing sasi Rejeb meniko kedah dados pangemut kangge ngresiki badan saking kotoran maksiat. Sumangga kita lereni caci maki, nyebar kabar bohong, hoaks, fitnah ngerasani sesami warga lan sedoyo lampahan ingkang mboten patut dipunlampahaken dening tiyang muslim.

Ilingo, dosanipun bakal ditikelaken kaliyan Allah SWT.

Halaman:

Editor: Rahman Wahid

Sumber: KhutbahSingkat.com


Tags

Artikel Pilihan

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah

x