Khutbah Jumat Syawal Bahasa Jawa: Takbir Bisa Meruntuhkan Takabur atau Sombong

- 5 Mei 2023, 08:52 WIB
ilustrasi khutbah Jumat
ilustrasi khutbah Jumat /

Jamaah shalat Jumat yang dirahmati Allah

Wekdal ajeng terus bergulir tanpa saged dipunsetop, sanadyan namun sepersekian detik. Lan alon-alon nanging mesthi, kita badhe dipunbeta ing dalem wekdal dumugi maut ingkang misahaken. Keranten menika, ing kesempatan dinten jumat menka sumangga kita manfaatkan kanthi sae inggih menika nglampahi perintah lan nebihi ingkang dipun larang.

Mekaten lah ingkang dipunsebat kaliyan takwa. Keranten menika, takwa setengah sangking perkawis ingkang kedah terus dipuntingkataken, lan kesempatan wonten ing majlis jumah menika sumangga kita ginaaken kangge introspeksi dhiri.

Jamaah jumah ingkang minulyo,

Kita taksih wonten ing sasi sawal. Lan ing antawisipun kalimat ingkang paling mencolok lan berkumandang ing pundi-pundi sakmantune Ramadhan inggih menika takbir. Takbir secara asalipun saking tembung kabbara-yukabbiru ingkang gadhah artos ngagengaken utawi ngagungaken. Sinten ingkang diagungkan? Tamtu mawon Dzat ingkang Mahabesar, Allah Subhanallah wa ta’ala (SWT).

Tamtunipun kita taksih emut menawi takbir saestu mewarnai pergantian Ramadhan tumuju syawal. Umat Islam ing pundi mawon nguri-nguri (meramaikan) malem dinten riyadin kelawan takbir. Wiwit dalu ngantos enjing dinten, sedoyo masjid lan mushala ngaweontenaken kegiatan takbir.

Lebeting shalat id nggih kita dipunanjuraken nambah takbir kaping 7 bibar takbiratul Ihram lan kaping 5 wekdal mlebeti rakaat kaping kalih. Para khatib Idul Fitri dipunsunahaken miwiti khutbah pertami kaliyan takbir kaping 9 lan kaping 7 ing khutbah kaping kalih. Sawentawis dzikir ingkang paling dipunanjuraken kangge jamaah lebeting momen-momen kasebat inggih menika maos takbir.

Baca Juga: Khutbah Jumat Syawal: Takbir yang Meruntuhkan Sifat Takabur

Jamaah ingkang dirahmati allah

Takbir tamtu langkung saking namung ucapan lan kata-kata mawon. Ing ndalem anjuran takbir wonten perintah supados nganggep sedoyo wonten ngalam dunyo meniko podo, sedoyo menika alit, amargi ingkang Mahabesar namung Allah. Piyambakipun panguwaos jagat raya menika.

Halaman:

Editor: Rahman Wahid

Sumber: KhutbahSingkat.com


Tags

Artikel Pilihan

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah