Khutbah Jumat Syawal Bahasa Jawa: Takbir Bisa Meruntuhkan Takabur atau Sombong

- 5 Mei 2023, 08:52 WIB
ilustrasi khutbah Jumat
ilustrasi khutbah Jumat /

Jamaah Rahimakumullah

Menapa ingkang dipun lampahi Iblis, saged ugi kita lampahi sanadyan kalebet skala lan konteks ingkang benten. Allah, upaminipun, sampun merintah kita muliaaken manungsa (QS Al-Isra: 70) lan mboten ngrusak lingkungan (QS Al-A’raf: 56). Nalika tindak lampah kita sa-wangsulipun, mila sejatosipun kita niru utawi nyontoh Iblis ingkang durhaka.

Kita namung percados kawontenan Allah nanging “mboten percados” kebesaran lan kekuasan-ipun. Utawi mungkin percados nanging mendel ing cangkem utawi namung angen-angen mawon. Buah saking takbir inggih punika ngerdilne (mengecilkan) awak-ipun piyambak lan ngagengaken Allah. Dampak lazim saking kawontenan batin menika inggih punika mboten ngeremehaken hal-hal menapa mawon amargi sadar bilih sedaya menika mboten sanes inggih punika hamba Allah Rabbul ‘Alamin.

Jamaah ingkang dimuliaaken Allah

Rasulullah nate negur sahabat ingkang anak manuk ngantos indukipun rumaos terganggu. Sikap welas asih dhateng kewan menika namung saged dipunlampahaken nalika salah setunggaling tiyang mboten malih sibuk nandhingaken piyambakipun kaliyan kewan, nanging ningali sinten ingkang ndamel kewan.

Menika ugi ingkang dados alesan kenging menapa Nabi gadahi sifat pemaaf lan welas asih kaliyan tiyang-tiyang kafir ingkang nate musuhi, malah usaha mejahi kanjeng Nabi; lan criyos-criyos teladan sanesipun.

Baca Juga: Khutbah Jumat Bahasa Sunda: Bulan Syawal, Saatnya Menghapus Kebencian dan Menghilangkan Dendam

Jamaah ingkang dimuliaaken Allah

Takbir Idul Fitri ingkang nate dikumandangaken ing awal syawal seyogianipun ngateraken kita ing introspeksi dhiri, angen-angen, sepinten kita sampun ngagengaken Allah, sepinten kita tepang Allah SWT. Sebuah takbir ingkang ngelemesaken manah kita kangge senantiasa ngelampahi kesaenan dhateng sinten mawon, menapa mawon, lan ten pundi mawon.

Baca Juga: Khutbah Jumat Bahasa Sunda: Bulan Syawal, Saatnya Menghapus Kebencian dan Menghilangkan Dendam

Halaman:

Editor: Rahman Wahid

Sumber: KhutbahSingkat.com


Tags

Artikel Pilihan

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah