Khutbah Jumat Ramadhan Bahasa Jawa: Empat Keutamaan Membaca Al Quran Spesial Nuzulul Quran

- 7 April 2023, 04:10 WIB
Ilustrasi Nuzulul Quran.
Ilustrasi Nuzulul Quran. /pexels @Tayeb MEZAHDIA

Wonten ing kesempatan Jumat inkang minulyo meniko monggo kita sami ningkataken iman lan takwa dumateng Allah SWT. Tegesipun, ngelampahi sedoyo perintah lan nebihi sedoyo awisan-awisan ipun.

Perlu dipun mangertosi bilih Iman lan Takwa meniko sak sae-saene sangu supados kito selamet wonten ing alam dunyo dumugi benjing wonten ing akhirot. Pramilo, wonten ing wulan Ramadhan ingkang kebak Rohmat lan maghfiroh meniko kito manfaataken kanthi sak saenipun kangge nyuwun Ridhonipun Allah SWT.

Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah..

Ing wulan Ramadhan wonten setunggal peristiwa agung ingkang dados sejarah Umat Islam sak dunyo. Peristiwa inggih meniko mandhapipun Al Qu’an wonten tanggal 17 Ramadhan. Kados dawuhipun Allah SWT wonten Surat Al Baqoroh ayat 185:

شَهْرُ رَمَضَانَ الَّذِيْٓ اُنْزِلَ فِيْهِ الْقُرْاٰنُ هُدًى لِّلنَّاسِ وَبَيِّنٰتٍ مِّنَ الْهُدٰى وَالْفُرْقَانِۚ

Artosipun: “Wulan Ramadhan yoiku wulan sing sak jerone ono Al Qur’an mudun, dadi petunjuk umat manungso lan penjelasan-penjelasan tentang pituduh lan bedakno antarane sing bener lan batil.”

Baca Juga: Thoriq Halilintar Rilis Lagu Baru, Liriknya Bikin Galau: Curhat Ditinggal Fuji?

Nuzulul Qur’an meniko peringatan pertama kali mandhap ipun Al Qur’an dateng kanjeng Nabi Muhammad SAW wonten Gua Hira. Wonten ing mriku, Rasulallah SAW dipun dugeni malaikat Jibril kelawan mbeto Surat Al Alaq ayat 1-5: 

اقْرَأْ بِاسْمِ رَبِّكَ الَّذِي خَلَقَ. خَلَقَ الْإِنسَانَ مِنْ عَلَقٍ. اقْرَأْ وَرَبُّكَ الْأَكْرَمُ. الَّذِي عَلَّمَ بِالْقَلَمِ. عَلَّمَ الْإِنسَانَ مَا لَمْ يَعْلَمْ

Pramilo, Ramadhan ugi dipun wastani Syahrul Qur’an utawi wulan Al Qur’an. Al Quran meniko dados petunjuk lan gadah pinten-pinten keistimewaan. Al Qur’an meniko kitab ingkang nyempurnaaken kitab-kitab Allah ingkang sampun diturunaken sak derengipun. Al Qur’an ugi dados salah setunggal mujizat Kanjeng Nabi Muhammad SAW.

Halaman:

Editor: Rahman Wahid

Sumber: KhutbahSingkat.com


Tags

Artikel Pilihan

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah