Ma’asyiral muslimin rahimakumullah
Ing jaman jahiliah, berkembang anggepan menawi sasi sapar inggih meniko sasi sial utawi dipuntepang kaliyan istilah tasyâ-um. Sasi ingkang mboten nggadhahi kajeng menopo-menopo meniko dipun-yakini gadhah keawonan-keawonan sehinggo wonten keajrihan kangge tiyang jahiliyah kagem nglampahaken hal-hal tertamtu.
Pemikiran kados meniko ugi taksih menjalar ing jaman sameniko. Sebagian tiyang nganggep menawi dinten-dinten tertamtu mbekta hoki utawi kabegjan, sawentawis dinten-dinten sanesipun ngandhut sa-wangsulipun.
Padahal, kados wulan sanesipun, sasi sapar netral saking kesialan utawi ketentuan nasib awon. Bilih menawi wonten kedadosan awon ing lebetipun, mongko meniko namung amargi faktor benten, sanes amargi sasi sapar meniko piyambak.
Baca Juga: Naskah Khutbah Jumat: Tiga Amalan Baik di Bulan Safar
Jamaah shalat jemuwah hafidhakumullâh,
Islam mboten tepang dinten, sasi , utawi warsa sial. Sedayaning kawontenan ing alam dunyo meniko, wekdal inggih meniko makhluk Allah. Wekdal mboten saged ngadeg piyambak. Piyambakipun wonten lebet kekuwaosan lan kendali penuh Rabb-ipun . Saben umat Islam wajib berkeyakinan menawi pengaruh sae utawi awon mboten wonten tanpo izin Allah ﷻ.
Mekaten ugi sasi sapar. Piyambakipun inggih meniko bagian saking kalih welas sasi lebet tahun hijriah. Sapar inggih meniko sasi kaping kalih lebeting kalender qamariyah, sasampunipun Sura lan saderengipun sasi Rabiul Awwal.
Ibnu Katsir naliko nafsiraken Serat at-Taubah Ayat 36 ingkang ngginemaken bab wicalan sasi lebet sa warsa, njlentrehaken bilih nami shafar kekait kaliyan aktivitas masyarakat arab rumiyin.
Shafar artosipun kosong. Dipunwastani mekaten amargi ing sasi kasebat masyarakat kala meniko berbondong-bondong medal mengosongkan daerahipun, baik kangge perang utawi dados musafir.