Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Selamat tinggal Ramadhan, Selamat Datang Hari Kemenangan

- 21 April 2023, 02:45 WIB
Khutbah Jumat Terakhir Bulan Ramadhan
Khutbah Jumat Terakhir Bulan Ramadhan /sharonang/Pixabay

Artosipun: “Wengi kamulyan iku luwih apik saka sewu wulan”.

Dalu ingkang dipunsebat Lailatul Qadar sanes dalu kangge perayaan, bersenang-senang utawi dalu kangge nemtukaken nasib, nanging dalu Lailatul Qadar inggih punika dalu ingkang mulia sanget, langkung mulia daripada 1000 sasi.

Ing dalu Lailatul Qadar Malaikat Jibril mandhap dhateng bumi kaliyan izin Allah SWT lan Allah badhe nyukani keberkahan lan kawilujengan ngantos terbit fajar. Allah Swt berfirman:

 اِنَّآ اَنْزَلْنٰهُ فِيْ لَيْلَةِ الْقَدْرِ. وَمَآ اَدْرٰىكَ مَا لَيْلَةُ الْقَدْرِۗ. لَيْلَةُ الْقَدْرِ خَيْرٌ مِّنْ اَلْفِ شَهْرٍۗ. تَنَزَّلُ الْمَلٰۤىِٕكَةُ وَالرُّوْحُ فِيْهَا بِاِذْنِ رَبِّهِمْۚ مِنْ كُلِّ اَمْرٍۛ. سَلٰمٌ ۛهِيَ حَتّٰى مَطْلَعِ الْفَجْرِ

Artosipun: Sabenere kita wis ngudhunake (al Qur’an) ing wengi kamulyan. Lan ngerti siro kabeh apa wengi kamulyan iku? Wengi kamulyan iku luwih apik saka sewu sasi. Ing wengi iku mudhun malaikat-malaikat lan malaekat Jibril karo pamit pengerane kanggo ngatur kabeh urusan. Wengi iku (kebak) kesejahteraan tekan terbit fajarr.

Hadirin ingkang dirahmati allah..

Dalu punika kita mlebet tanggal …… Ramadhan 1444… hijriyah. Artosipun taksih wonten tirah wekdal ingkang mungkinaken kita angsal keutamaan dalu Lailatul Qadar. Pramila, Ramadhan ingkang tilar pinten-pinten dinten punika sumangga kita angge kangge bebujeng dalu lailatul qadar.

Kita gesangaken dalu akhir ing sasi Ramadhan kaliyan i’tikaf ing masjid, tadarus al qur’an, sholat sunnah, dzikir lan sanes sanesipun. Kaliyan bibaripun sasi Ramadhan, sasi ingkang kebak Rahmat lan ampunan, sasi nahan nafsu mila kita badhe mlebeti dinten kemenangan inggih punika dinten Riyadin Idul Fitri tanggal 1 Syawal 1444…. H.

Dinten riyadin ingkang diperuntukkan kangge umat Islam sasampunipun nglampahaken siyam salami sa sasi kebak. Sakepripun nabi shallallahu ‘alaihi wasallam bersabda:

 لِكُلِّ قَوْمٍ عِيْدٌ وَهذَا عِيْدُنَا (رواه البخاري وغيرُه)

Halaman:

Editor: Rahman Wahid

Sumber: KhutbahSingkat.com


Tags

Artikel Pilihan

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah