Naskah Khutbah Idul Fitri: Jaga Kerukunan dan Persaudaraan (Bahasa Jawa)

- 21 April 2023, 00:10 WIB
Ilustrasi Khutbah Idul Fitri
Ilustrasi Khutbah Idul Fitri /

وَاعْتَصِمُوا بِحَبْلِ اللَّهِ جَمِيعًا وَلَا تَفَرَّقُوا

Artosipun: Lan cecekelano siro kabeh kelawan taline Gusti Allah (agomo), lan siro kabeh ojo podo pisah/ bubar (QS. Ali Imran: 103)

Sahabat Ibn Mas’ud nafsiraken “hablillah” tegese “jamaah utawi perkumpulan” kados dene Rasulullah nate dawuh wonten setunggale hadits ingkang diriwayataken saking Ahmad, Tabrani lan Baihaqy:

اَلْجَمَاعَةُ رَحْمَةٌ وَالْفُرْقَةُ عَذَابٌ

Artosipun: Perkumpulan (ingkang kompak) minongko rahmat lan pisah minongko adzab

اللهُ أَكْبَرُ  اللهُ أَكْبَرُ  اللهُ أَكْبَر وَللهِ الْحَمْدُ

Hadirin ingkang minulyo

Dalil-dalil ingkang kasebat maringi kito pengaweruh bilih Gusti Allah lan Rasulullah merintahaken dumateng kito sedoyo supados njagi kerukunan, kompak serto nebihi perkawis ingkang nyebabaken pisah, persulayan.

Ananging lamun persulayan mboten saget dipun tebihi, mongko dipun saranaken pados titik persamaane, sanes persulayane. Kranten persulayan saget nyebabaken pisah antawisipun umat Islam.

Cita-cita kito sedoyo nggayuh rukun, guyub saget dipun wujudaken milai saking kito piyambak, lajeng dipun contohaken dumateng putro wayah, lan masyarakat. Sinaoso mekaten kito ampon rumongso putus asa, kranten ngawali perkawis ingkang sae kedah sabar, nindakaken akhlakul karimah lan telaten.

Halaman:

Editor: Rahman Wahid

Sumber: KhutbahSingkat.com


Tags

Artikel Pilihan

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah