Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Bersiap Menyambut Ramadhan

- 10 Maret 2023, 10:38 WIB
Khutbah Jumat edisi akhir bulan Syaban menuju Ramadhan
Khutbah Jumat edisi akhir bulan Syaban menuju Ramadhan /Aziz Hasan AY/pexels

Sasi sya’ban inggih punika wekdal ingkang leres kangge siyam, kangge nglatih dhiri supados kulinten siyam sesasi kebak salami Ramadhan. Tiyang ingkang nglampahaken siyam Sya’ban kelebet tiyang ingkang muliakaaken lan ngurmati sasi Ramadhan. Rasulullah nate bersabda: Siyam sya’ban Punika kangge ngagungaken Ramadhan. (HR at-Tirmidzi).

Baca Juga: Khutbah Jumat Bahasa Sunda: Akhir Bulan Syaban dan Persiapan Menyambut Bulan Ramadhan

Jamaah rahimakumullah

Kangge umumipun umat Islam, mungkin siyam mlebet deretan ingkang terberat ing antawis ibadah-ibadah sanesipun. Siyam ngajeng-ajeng kita kangge bertahan lebet luwe lan ngelak wiwit terbit fajar ngantos lingsir srengenge.

Sanadyan mekaten, lebet puasalah, kita angsal pendidikan ruhani ingkang luar biasa. Siyam mboten namung nahan dhiri saking aktivitas dahar lan ngombe nanging ugi aktivitas benten ingkang dados selera hawa nafsu, kados ngerasani tiyang, boros, pamer, remen dipuji, rumaos langkung salih, remen mbriji keimanan tiyang sanes, lan sanes-sanesipun. Hal Punika saged kedados bilih kita memaknai siyam ing ndalem kaleh macem, inggih punika jasmani lan ruhani.

Saderengipun menapaki sasi sewu berkah, inggih punika Ramadhan, umat Islam dipunanjuraken kangge nggembleng dhiri kaliyan siyam lan ningkataken kualitas ketakwaan dhateng Allah.

Mboten semata kelawan kathahipun ritual ibadah ananging ugi ningkataken kesadaran ketuhanan (ilahiyah) ingkang lajeng menjiwai sedaya gerak-gerik kita.

Baca Juga: Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Bersiap Menyambut Ramadhan

بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ فَاسْتَغْفِرُوْهُ وَتُوْبُوا إِلَيْهِ إِنَّهُ هُوَ التَّوَّابُ الرَّحِيْمِ

KHUTBAH JUMAT KEDUA

Halaman:

Editor: Rahman Wahid


Tags

Artikel Pilihan

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah