Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Bersiap Menyambut Ramadhan

- 10 Maret 2023, 10:38 WIB
Khutbah Jumat edisi akhir bulan Syaban menuju Ramadhan
Khutbah Jumat edisi akhir bulan Syaban menuju Ramadhan /Aziz Hasan AY/pexels

Jamaah jemuwah hadâkumullah

Lajeng, punapa ingkang kedah dipunsiyapaken? Sampun lazim kita ningali menawi Ramadhan dados fenomena taunan maringi efek ekonomi lan peralihan budaya ingkang signifikan.

Jelang sasi siyam, kita panggihi peken-peken saya rame, pusat-pusat perbelanjaan saya ugi saya rame, ngantos TV ugi nyiaraken tayangan dhateng masyarakat ingkang berubah saya religius.

Kangge ngadhepi punika sedaya, kita perlu persiapan. Nanging Punika persiapan fisik lan material. Amargi Ramadhan estu mbekta dampak material, ugi sasi sasampunipun, inggih punika dinten Riyadin utawi sasi syawal.

Ananging, persiapan ingkang kita maksud sapunika inggih punika persiapan kaliyan spiritual. Minongko ‘jalan tumuju puncak’, samestinipun Sya’ban dados momen umat Islam kangge merkiyat mental, nata batos, lan mbagusi lampahan kangge nyambut sasi siyam. Siyam saking nedha lan ngombe utawi siyam saking sikap kangge tansah midhereki ego pribadi.

 قَالَ رَسُولُ اللهِ صلى الله عليه وسلم: ذاَكَ شَهْرٌ يَغْفَلُ النّاسُ عَنْهُ يَعْنِي بَيْنَ رَجَب ورَمَضَان وَهُوَ شَهْرٌ تَرْفَعُ اْلأَعْمَالُ فِيْه إِلَى رَبّ العالمين فَأُحِبُّ أَنْ يَرْفَعَ عَمَلِيْ وأنا صَائِمٌ

Artosipun: Sasi Punika (sya‘ban) inggih punika sasi ingkang dipunsupekaken manungsa, wonten ing antawis rejeb lan pasa. Lan piyambakipun inggih punika sasi diangkatipun amal ibadah dhateng pengeran jagad alam, mila ingsun (Nabi Muhammad) remen amal ibadahku diangkat nalika aku siyam. (HR an-Nasa’i)

Garwanipun Kanjeng Nabi, Aisyah radliyallahu anha ngeriwayataken: namung ing sasi Ramadhan Nabi Muhammad siyam se sasi kebak lan kula mboten sumerep piyambakipun asring siyam kejawi ing sasi Sya’Ban. (HR al-Bukhari).

Lebet riwayat Ahmad dipunsebataken: siyam ingkang dipunremeni Kanjeng Nabi inggih punika siyam ing sasi Sya’Ban. Punika nandhakaken menawi persiapan nyambut sasi Ramadhan ingkang dicontohaken Rasulullah salah satunggalipun inggih punika siyam.

Halaman:

Editor: Rahman Wahid


Tags

Artikel Pilihan

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah