Naskah Khutbah Jum’at Bahasa Jawa: Taubat Saking Ngelampahi Duso

- 17 November 2023, 09:15 WIB
Khatib paring tausiah marang jamaah jumat, 17 November 2023
Khatib paring tausiah marang jamaah jumat, 17 November 2023 /Media Jabodetabek

Baca Juga: Naskah Khutbah Jum’at Bahasa Sunda: Hikmah sareng Pelajaran tina Perjuangan Paléstina

إِنَّ اللهَ يُحِبُّ التَّوَّابِيْنَ وَيُحِبُّ الْمُتَطَهِّرِيْن

Saktemene Gusti Allah demen marang tiyang ingkang taubat, lan demen marang tiyang ingkang nyuciaken awake” (QS. Al-Baqarah: 222).

Sayyid Bakri bin Sayyid Muhammad Syatho ad-Dimyati wonten kitab Kifayatul Atqiya mertelaaken bilih syarat taubat niku wonten sekawan: 1. Getun marang duso ingkang sampun dilampahi, 2. Niat tenan mboten bade mbaleni ngelampahi duso, 3. Ngelereni ngelampahi duso, 4. Bebas saking hak adami arupi tanggung jawab ingkang dereng mantun kaliyan tiyang lintu.

Menawi sampun ngelampahi sekawan syarat kasebat, insyaAllah sedoyo kalepatan dipun apuro kaliyan Gusti Allah SWT. Meniko cocok kaliyan ayat:

وَإِنِّي لَغَفَّارٌ لِمَنْ تَابَ وَآمَنَ وَعَمِلَ صَالِحًا ثُمَّ اهْتَدَى

Lan saktemene ingsun (Allah) iku dzat kang akeh ngapuro marang tiyang ingkang taubat lan iman lan amal sholeh, lajeng tetep ingdalem pituduh” (QS. Thaha: 82).

Jamaah Jum’at ingkang minulyo.

Saking pepertelan kasebat, monggo kito sedoyo sareng-sareng cancut taliwondo ngelampahi kesaenan, lan cepet-cepet taubat, nyuwun ngapuro nalikane rumaos ngelampahi keluputan marang sederek, tetonggo, tiyang sepah lan marang Gusti Allah SWT.

Mugi-mugi kito sedoyo kecatet tiyang ingkang demen taubat, ngelereni perkawis awon, nyuwun ngapuro, kerso muhasabah marang penggalih piyambak, hinggo akhire dipun apuro kaliyan Gusti Allah SWT lan mlebet golongane tiyang taubat ugi nyuciaken awak.

Halaman:

Editor: Dinda Indah Puspa Rini

Sumber: jatim.nu.or.id


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah

x