Naskah Khutbah Jum’at Bahasa Jawa: Taubat Saking Ngelampahi Duso

- 17 November 2023, 09:15 WIB
Khatib paring tausiah marang jamaah jumat, 17 November 2023
Khatib paring tausiah marang jamaah jumat, 17 November 2023 /Media Jabodetabek

Baca Juga: Naskah Khutbah Jum’at 17 November 2023: Perdamaian Adalah Landasan Utama Dalam Kehidupan

فَٱستَقِم كَمَآ أُمِرتَ وَمَن تَابَ مَعَكَ وَلَا تَطغَواْ إِنَّهُ بِمَا تَعمَلُونَ بَصِيرٌ

“Mongko tetepo siro marang dalan ingkang bener, kados dene ingkang diperintahake marang siro lan ugi tiyang ingkang sampun taubat sertane siro, lan siro ojok ngeliwati wates. Saktemene Gusti Allah Dzat ingkang mirsani nopo kimawong ingkang siro lampahi, (QS. Hud: 112).

Ayat meniko saget dipun pahami bilih kito kedah istiqamah nderek perintah Gusti Allah SWT lan taubat miturut pituduhe Kanjeng Nabi Muhammad SAW.

Taubat mboten kedah ngerantosi ngelampahi duso ageng rumiyen, ananging menawi rumaos ngelampahi duso, sinaoso alit, mongko kedah cepet-cepet dipun taubati.

Sebab sampun watek manungso meniko sering nggampangaken duso lahir lan batin.

Kanjeng Nabi Muhammad SAW nate mertelaaken perkawis meniko dumateng Sahabat Abdillah bin Mas’ud: sinten kimawon taubat ananging mboten ninggalaken kesombongan lan ageng-agengan, berarti piyambake dereng saget diwastani tiyang ingkang taubat.

Jamaah Jumat Rahimakumullah.

Taubat minongko dados kesempatan ingkang dipun cawisaken dening Gusti Allah marang kawulanipun ingkang sampun ngelampahi keluputan.

Ugi dados pepiling kagem kito sedoyo supados luweh parek dumateng Gusti Allah. Gusti Allah SWT sampun dawuh:

Halaman:

Editor: Dinda Indah Puspa Rini

Sumber: jatim.nu.or.id


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah

x