Naskah Khutbah Jum’at Bahasa Jawa: Nindakaken Amar Ma’ruf Nahi Munkar

- 10 November 2023, 09:10 WIB
Khatib paring tausiah marang jamaah jumat, 10 November 2023
Khatib paring tausiah marang jamaah jumat, 10 November 2023 /jatim.nu.or.id

Lajeng wonten setunggale hadis dipun sebataken:

مَنْ رَأَى مِنْكُمْ مُنْكَرًا فَلْيُغَيِّرْهُ بِيَدِهِ، فَإِنْ لَمْ يَسْتَطِعْ فَبِلِسَانِهِ، فَإِنْ لَمْ يَسْتَطعْ فَبِقَلبِهِ وَذَلِكَ أَضْعَفُ الإيْمَانِ

Sopo wonge saking siro kabeh ningali kemungkaran, mongko becik uwahono kelawan tangane, lamun ora mampu, mongko kelawan lisane, lamun ora mampu, mongko kelawan atine, mengkunu iku luweh apese iman (HR. Muslim).

Baca Juga: Naskah Khutbah Jumat Bahasa Sunda: Alasan Membela Palestina

Dalil saking Al-Quran lan hadis kasebat negesaken bilih amar ma’ruf nahi munkar niku dados prinsipe agomo Islam.

Kito sedoyo dipun perintah kedah negakno kebecikan, ajak-ajak ngelampahi kebagusan kados ngajak sholat, ngajak zakat, sedekah, rukun, taqarrub illallah lan nyegah kemungkaran kados dene ngeremehno agomo, mbeneraken kebatilan.

Hadirin ingkang sami bahagio.

Maksudipun kemungkaran kedah dipun cegah kelawan tangan niku maksude mboten tangan fisik kimawon, ananging saget dipun maknani kelawan kekuasaan.

Lajeng maksud dipun cegah kelawan lisan niku minangkani kelawan pitutur nasihat ingkang sae.

Anapun maksudipun nyegah kelawan ati niku maksude ngingkari kemungkaran kelawan ati. Sinaoso mekaten, sedoyo tindakan nyegah kemungkaran niku kedah mboten malah mbahayani marang keselametane piyambak lan nimbulaken kemungkaran inggal.

Halaman:

Editor: Dinda Indah Puspa Rini

Sumber: jatim.nu.or.id


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah

x