Naskah Khutbah Jum’at Bahasa Jawa: Nindakaken Amar Ma’ruf Nahi Munkar

- 10 November 2023, 09:10 WIB
Khatib paring tausiah marang jamaah jumat, 10 November 2023
Khatib paring tausiah marang jamaah jumat, 10 November 2023 /jatim.nu.or.id

“Hei wongkang podo iman, takwoho siro kabeh marang Gusti Allah kanti saktemene takwo, lan ojo mati kejobo netepi Islam”.

Sholawat serto salam keaturaken dumateng Kanjeng Nabi Muhammad SAW, sahabat, keluargone ingkang sampun paring tupo tulodo marang kito sedoyo, supados saget nderek lelampahipun ingkang sae.

Baca Juga: Naskah Khutbah Jum’at 10 November 2023: Hikmah dan Pelajaran dari Perjuangan Palestina

Salah setunggale nderek lelampahipun Kanjeng Nabi nggih meniko ningkataken takwo marang Gusti Allah SWT.

Takwo marang Gusti Allah SWT kedah dipun tenani ngantos ajal dumugi, amergi takwo ingkang sejati nggih meniko takwo ingkang ndadosaken kito sedoyo ajrih lan ndredeg marang Gusti Allah SWT.

Tetengere takwo niku purun ngelampahi amar ma’ruf nahi munkar utawi nindaaken kebagusan lan nebihi kemungkaran.

Hadirin Jamaah Jumat Rahimakullah.

Babakan amar ma’ruf nahi munkar sampun didawuhaken Gusti Allah SWT:

كُنْتُمْ خَيْرَ أُمَّةٍ أُخْرِجَتْ لِلنَّاسِ تَأْمُرُونَ بِالْمَعْرُوفِ وَتَنْهَوْنَ عَنِ الْمُنْكَرِ وَتُؤْمِنُونَ بِاللَّهِ وَلَوْ آمَنَ أَهْلُ الْكِتَابِ لَكَانَ خَيْرًا لَهُمْ مِنْهُمُ الْمُؤْمِنُونَ وَأَكْثَرُهُمُ الْفَاسِقُونَ

“ Siro kabeh sak bagus-baguse umat ingkang diciptaaken kanggo menungso, siro kabeh podo printah ngelakoni kesaenan lan podo nyegah kemunkaran, lan siro kabeh podo iman kelawan Gusti Allah, lamun ahli kitab podo iman, mongko iku bagus, sebagian saking ahli kitab wonten ingkang iman lan katah ingkang fasiq”. (Ali Imron: 110)

Halaman:

Editor: Dinda Indah Puspa Rini

Sumber: jatim.nu.or.id


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah

x