Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Adab Bertetangga Berbeda Keyakinan

- 12 Mei 2023, 05:25 WIB
Khutbah Jumat Terbaru tentang bertetangga
Khutbah Jumat Terbaru tentang bertetangga /Pixabay/Daniel_Nebreda/

Lafadz وَالْجَارِ ذِى الْقُرْبٰى  (tanggi engkang caket) wonten ing ayat meniko maksud ipun tanggi engkang taksih wonten hubungan famili, kados pendapatipun Imam Ikrimah, Imam Mujahdi soho Imam Adz-Dzohhak. Miturut riwayat Ibnu Jarir soho Abi Hatim, maksud tanggi engkang caket meniko tanggi engkang muslim.

Wondene lafadz وَالْجَارِ الْجُنُبِ (tanggi engkang tebih) wonten ing ayat meniko maksud ipun tanggi engkang mboten wonten hubungan famili, kados pendapatipun Imam Ikrimah, Imam Mujahdi soho Imam Adz-Dzohhak. Miturut riwayat Ibnu Jarir soho Abi Hatim, maksud tanggi engkang tebih meniko tanggi engkang mboten seakidah kaliyan kito. (Tafsir Ibnu Katsir)

Maasyirol muslimin, hafidzokumulloh

Saking pentengipun njagi hak-hakipun soho berbuat baik kaliyan tonggo, malaikat Jibril as wongsal-wangsul ngemutaken Rosululloh saw. supados njagi hak-hakipun lan berbuat baik dateng tanggi. Ngantos Rosululloh saw berprasangka bilih tanggi meniko saget saling mewarisi harta kekayaanipun.

مَازَالَ جِبْرِيْلُ يُوْصِيْنِى بِالْجَارِ حَتَّى ظَنَنْتُ اَنَّهُ سَيُوَرِّثُهُ (متفق عليه)

 “Terus-menerus Jibril as pesen supoyo mbagusi tonggo, hingga aku nyongko yen tonggo iku iso saling mewarisis bondone”.

Wonten ing hadist lintu, Rosululloh saw ugi dawuh:

مَنْ كَانَ يُؤْمِنُ بِاللّهِ وَالْيَوْمِ الْآخِرِ فَلْيُكْرِمْ جَارَهُ (رواه البخاريُّ)

“Sinngsopo wonge iman dataeng Alloh lan percoyo anane dino akhir (qiyamat), mongko becik mulyakno tonggo ne”. HR. Bukhori

مَنْ كَانَ يُؤْمِنُ بِاللّهِ وَالْيَوْمِ الْآخِرِ فَلْيُحْسِنْ إلَى جَارِهِ (أخْرجه مسلمٌ)

Halaman:

Editor: Rahman Wahid

Sumber: KhutbahSingkat.com


Tags

Artikel Pilihan

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah

x