Khutbah Jumat: Semua Amal Manusia Diangkat di Bulan Syaban (Bahasa Jawa)

- 24 Februari 2023, 09:15 WIB
Ilustrasi Khutbah Jumat
Ilustrasi Khutbah Jumat /Pexels

Dinten niki kita sampun mlebet dhateng wulan Sya’ban yaiku wulan kang khusus kanggo Rasulullah SAW. Nanging, ing wulan Sya’ban menika asring dilalekake dening manungsa. Kados dawuhipun Rasulullah SAW:

ذَلِكَ شَهْرٌ يَغْفُلُ النَّاسُ عَنْهُ بَيْنَ رَجَبٍ وَرَمَضَانَ

Tegese: Iki wulan sing paling akeh wong ora nglirwakake, yaiku antarane wulan Rajab lan Ramadhan. (HR. An-Nasa’i. “Hasan” miturut Al-Albani)

Sya’ban sering dados wulan pelampiasan mumpung dereng Ramadhan, kita puas-puasaken punapa ingkang dados kekajengan kita. Menawi sampun Ramadhan, pasa kita saged batal. Menikolah biasanipun guyon kita dhateng konco utawi tonggo.

Jama’ah Jum’at ingkang dipun ridhoi Alloh.

Saking Rasulullah kita mangertos bilih satemene wulan Sya’ban punika wulan ingkang istimewa. Kenging punapa? Amarga, wulan punka minangka wulan kanggo ngangkat amal manungsa marang Allah SWT.

Kados dawuhipun Rasulullah SAW wonten ing hadits:

وَهُوَ شَهْرٌ تُرْفَعُ فِيهِ الْأَعْمَالُ إِلَى رَبِّ الْعَالَمِينَ

Tegesipun: Ing wulan punika dipun unggahaken amal-amal manungsa dhateng Pangeraning Alam. (HR. An-Nasa’I lan Ahmad. “Hasan” miturut Al-Albani)

Punikalah kautamaan wulan Sya’ban. Wulan ngunggahake amal manungsa marang Allah SWT.

Halaman:

Editor: Rahman Wahid


Tags

Artikel Pilihan

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah