Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Memaknai takwa di bulan Syawal

- 12 Mei 2023, 00:10 WIB
Teks Khutbah Jumat Tema Bulan Syawal
Teks Khutbah Jumat Tema Bulan Syawal /pixabay

Monggo kito sami ningkataken ajreh kito dumateng Allah Swt, kanti nindaaken perintahipun lan nebihi laranganipun. Insyaallah namung kanti lelampahan taqwa menikolah kito selamet wonten donya lan akhirat amin.

Hadirin Rahimakumullah

Temtu ajreh dumateng Allah kanti lelampahan taqwa inggih kanti sifat ingkang istiqomah, jejeg lan konsisten, terus-menerus. Istiqomah anggenipun kito ajreh dumteng Allah inggih senantiasa ngelampahi ketaqwaan wonten pundi panggenan lan wonten wekdel nopo kemawon. Meniko sesuai kaliyan sabda rasul “ittaqi Allah haisu ma kunta”, taqwaho siro marang Allah dimana saja kita berada.

Hadirin Rahimakumullah.

Anggen kito konsisten istiqomah ngelampahi taqwa dumateng Allah dipun uji dening Allah wonten ing wulan meniko. Mbok menawi ing wulan Ramadhan kepengker kito sami mirsani kito nindaaken kanti langkung sae baik meniko ibadah siyam, sholat lail, tadarus maos Alqur’an, sedekah lan ugi nebihi tindak maksiat kito tempuh sami kanti bersama-sama.

Bahkan dalam kenyataan keseharian, kito tingali ugi wonten ing wulan Romadlon mapinten-pinten tempat maksiat wajib ditutup, kados tempat perzinahan, mabuk-mabukan, kafe lan lintunipun.

Meniko sesuai kaliyan sabda Nabi bilih wonten wulan romadlon pintu-pintu surga dipun buka lan pintu-pintu neraka dipun tutup ugi syaithan dipun belenggu.

Baca Juga: Prediksi Cuaca Wilayah D.I Yogyakarta, tanggal 12 Mei 2023

Maksudipun supados umat Islam luweh semangat anggnipun ningkataken amal ibadah, menjauhi perbuatan tercela lan bujukan syaithan. Rasulullah SAW bersabda:

إِذَا دَخَلَ شَهْرُ رَمَضَانَ فُتِّحَتْ أَبْوَابُ السَّمَاءِ وَغُلِّقَتْ أَبْوَابُ جَهَنَّمَ وَسُلْسِلَتْ الشَّيَاطِينُ

Halaman:

Editor: Rahman Wahid

Sumber: KhutbahSingkat.com


Tags

Artikel Pilihan

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah

x