Ing Sasi Rajab 101 H, Khalifah ‘Umar bin ‘Abdil ‘Aziz tilar dunyo yuswo 39 tahun. Tanggal 27 Rajab 583 H, Sultan Shalahuddin Al-Ayyubi berhasil bebasaken Baitul Maqdis, Palestina.
Naliko bebasaken Palestina, Sultan Shalahuddin al Ayyubi mboten langsung nyiapaken tentara lan alat perang.
Ananging, ingkang dipun lampahi Sultan Shalahuddin al Ayyubi inggih meniko mempersatukan umat Islam dateng setunggal aqidah ingkang leres inggih meniko Ahlussunnah wal Jama’ah.
Tanggal 16 Rajab 1344 H tepatipun 31 Januari 1926 Masehi, poro ulama kumpul ten Suroboyo sak perlu nyepakati Jam’iyah Nahdlatul Ulama.
Salah setunggal organisasi sosial lan keagamaan ingkang merjuangaken Ahlussunnah wal Jama’ah.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Mekaten khutbah singkat meniko, mugi-mugi wonten ing sasi Rajab meniko kito tansah angsal kekuatan lan dipun paringi gampang anggenipun ngatahaken kesaenan lan ketaatan dumateng Allah SWT. Amiin..
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ, وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
KHUTBAH JUMAT KEDUA