Khutbah Jumat Singkat, Fadhillah Puasa di Bulan Rajab dengan Menggunakan Bahasa Jawa

- 27 Januari 2023, 07:06 WIB

Midherek hadits kasebat, mulyaaken sasi rejeb meniko, Allah bakal paring anugerah ketetapan Iman, lan pungkasanipun mlebet suwarga kaliyan wilujeng.

Diriwayataken saking shahabat Tsauban, menawi setunggaling dinten Tsauban sareng Rasulullahi sallallahu ‘alaihi wa sallam, ngelewati setunggaling kuburan, ndadak Rasulullahi sallallahu’ alaihi wa sallam mendel, lajeng berdo’a kalih nangis.

Sahabat Tsauban tanglet dhateng Rasulullah: wahai rasulullah, kenging menopo panjenengan mendel lan nangis?

Rasulullahi sallallahu ‘alaihi wa sallam mangsuli: Wahai Tsauban, Poro ahli kubur ing alam kubur iki lagi disikso, terus aku ndungo kanggo dheweke, terus Allah ngeringanke sikso dheweke.

Rasulullahi sallallahu ‘alaihi wa sallam bersabda: “Umpamane ahli kubur iki kala gesang ing donyo poso sanadyan sedino, lan melek sanadyan namung suwengi ing sasi Rejeb, niscaya dheweke gak bakal disikso ing alam kubur”. Tsauban tanglet malih: Wahai rasulullah, menopo siyam namung sadinten, lan melekan namung suwengi ing sasi rejeb meniko saged nolak sikso kubur? Rasulullahi sallallahu ‘alaihi wa sallam bersabda:

 ياَثَوْبَانُ ، وَالَّذِى بَعَثَنِى باِلْحَقِّ نَبِيًّا مَا مِنْ مُسْلِمٍ وَمُسْلِمَةٍ يَصُوْمُ يَوْمًا وَيَقُوْمُ لَيْلَةً مِنْ رَجَبَ يُرِيْدُ بِهِمَا وَجْهَ اللّٰهِ إِلَّا كَتَبَ اللّٰهُ لَهُ عِبَادَةَ سَنَةٍ صَامَ نَهَارَهَا وَقَامَ لَيَالِيْهَا (زبدة الو اعذين)

 “Hai Tsauban, demi Dzat kang ngutus aku nggowo agomo kang hak, dadi Nabi, ora ana siji muslim utowo muslimahpun kang poso sanadyan mung sedino, lan jaga sanadyan mung sawengi ing sasi rejeb amergo ngarep-arep Ridla Allah, kecuali Allah arep nyathet kanggo koyo ngibadah satahun, kang dheweke poso ing awan dinane lan jogo ing wengi dinane.” (Zubdatul wa’idhin).

Baca Juga: Khutbah Jumat Singkat, Tiga Amalan Mulia di Bulan Rajab dengan Menggunakan Bahasa Jawa

Hadirin jama’ah jum’ah rahimakumullah

Lajeng kapan wekadipun siyam rejeb? Mboten wonten ketentuan mesthi kapan wekdalipun siyam Rejeb, wonten riwayat ingkang sanjang wiwiting sasi, pertengahan lan akhir sasi Rejeb. Wonten ugi ingkang riwayataken langkung utami siyam ing wiwiting rejeb.

Halaman:

Editor: Rahman Wahid


Tags

Artikel Pilihan

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah

x