Khutbah Jumat Singkat, Fadhillah Puasa di Bulan Rajab dengan Menggunakan Bahasa Jawa

- 27 Januari 2023, 07:06 WIB

Hadirin jama’ah jum’ah rahimakumullah

Mboten kraos Kito sampun mlebet sasi rejeb. Sejatosipun wekdal meniko melampah kados lazimipun, kejawi timbul saking pangraosan pribadi lantaran sikap abai utawi mboten perduli. Allah mlebetaken sasi Rejeb salah satunggaling sasi haram, ingkang dimuliaaken. Allah berfirman lebet Surah At Taubah:

 إِنَّ عِدَّةَ الشُّهُورِ عِنْدَ اللّٰهِ اثْنَا عَشَرَ شَهْراً فِي كِتَابِ اللّٰهِ يَوْمَ خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ مِنْهَا أَرْبَعَةٌ حُرُمٌ

“Setuhune cacahing sasi miturut Allah yoiku rolas sasi, (koyo dene) ing ndalem katetepan Allah ing wayah Allah nyiptakake langit lan bumi, ing antarane ana patang sasi haram”. (QS. at-Taubah: 36)

Sasi haram inggih meniko sekawan sasi selain Ramadhan, inggih meniko Dzulqa’dah, Dzulhijjah, Muharram, dan Rajab. Lebeting sasi rejeb ibadah dados istimewa amargi dipunlampahaken ing sasi istimewa.

Baca Juga: Khutbah Jumat Singkat, Tiga Amalan Mulia di Bulan Rajab dengan Menggunakan Bahasa Jawa

Kelebet ibadah siyam ing sasi Rejeb dipunanjuraken sanget, Rasulullah S.A.W bersabda:

 إِنْ أَرَدْتُمُ الرَّاحَةَ وَقْتَ الْمَوْتِ مِنَ الْعَطْشِ وَالْخُرُوْجَ مَعَ الْأِيْمَانِ وَالنَّجَاةَ مِنَ الشَّيْطَانِ * فَاَخْتَرِمُوْا هَذِهِ الشُّهُوْرَ كُلَّهَا بِكَثْرَةِ الصِّياَمِ وَالنَّدَمِ عَلَى مَا سَلَفَ مِنَ الْأَثَامِ وَاذْكُرُوْا خَالِقَ الْأَنَامِ تَدْخُلُوْا جَنَّةَ رَبِّكُمْ باِلسَّلاَمِ

Menawa siro kabeh pengin tenang nalika mati soko ngelak, lan metu soko donyo nggowo Iman, uga slamet soko syaithan, mula mulyakno sasi-sasi mulya iki karo poso, nggetuni dosa-dosa kang wis keliwat, akeh-akehno dzikir marang sang pancipta makhluq, mulo siro kabeh arep mlebu menyang swargo pengeranmu kelawan slamet.

Hadirin jama’ah jum’ah rahimakumullah

Halaman:

Editor: Rahman Wahid


Tags

Artikel Pilihan

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah

x