Naskah Khutbah Jum’at Bahasa Jawa: Taubat Saking Ngelampahi Duso

17 November 2023, 09:15 WIB
Khatib paring tausiah marang jamaah jumat, 17 November 2023 /Media Jabodetabek

ZONABANTEN.com - Naskah khutbah Jumat meniko mertelaaken pentinge taubat saking ngelampahi duso, sinaoso duso niku alit. Kranten duso alit ingkang sering dipun lampahi bakal dados duso ageng.

Khutbah Pertama

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا, مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْهُ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. اما بعـد. فَيَاعِبَادَ الله اُوْصِيْكُمْ وَنَفِى بِتَقْوَى اللهَ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالىَ: أعوذ بالله من الشيطان الرَّ جيم بِسۡمِ ٱللَّهِ ٱلرَّحۡمَٰنِ ٱلرَّحِيمِ وَإِنِّي لَغَفَّارٌ لِمَنْ تَابَ وَآمَنَ وَعَمِلَ صَالِحًا ثُمَّ اهْتَدَى

Jamaah Jum’at ingkang minulyo.

Monggo kito ningkataken takwo dumateng Gusti Allah SWT wonten ing panggenan pundi kimawon, sepi utawi rame, susah utawi bungah, kranten saking takwo kito saget pikantuk ridone Gusti Allah SWT.

Ugi, kito ngucap syukur dumateng Gusti Allah SWT ingkang sampun paring kito nikmat kados dene arupi kesehatan, kesarasan.

Sholawat serto salam tansah keaturaken dumateng Kanjeng Nabi Muhammad, keluarga lan sahabatipun, ingkang sedoyo paring tupo tulodo kesaenan lan nuduhaken marang dalan jejek inggih meniko Islam.

Saking Kanjeng Nabi Muhammad, kito sedoyo ngajeng-ajeng syafaatipun mbenjang wonten akhirat. Tentu kito sedoyo kedah nderek dateng perintah.

Gusti Allah SWT dawuh:

Baca Juga: Naskah Khutbah Jum’at 17 November 2023: Perdamaian Adalah Landasan Utama Dalam Kehidupan

فَٱستَقِم كَمَآ أُمِرتَ وَمَن تَابَ مَعَكَ وَلَا تَطغَواْ إِنَّهُ بِمَا تَعمَلُونَ بَصِيرٌ

“Mongko tetepo siro marang dalan ingkang bener, kados dene ingkang diperintahake marang siro lan ugi tiyang ingkang sampun taubat sertane siro, lan siro ojok ngeliwati wates. Saktemene Gusti Allah Dzat ingkang mirsani nopo kimawong ingkang siro lampahi, (QS. Hud: 112).

Ayat meniko saget dipun pahami bilih kito kedah istiqamah nderek perintah Gusti Allah SWT lan taubat miturut pituduhe Kanjeng Nabi Muhammad SAW.

Taubat mboten kedah ngerantosi ngelampahi duso ageng rumiyen, ananging menawi rumaos ngelampahi duso, sinaoso alit, mongko kedah cepet-cepet dipun taubati.

Sebab sampun watek manungso meniko sering nggampangaken duso lahir lan batin.

Kanjeng Nabi Muhammad SAW nate mertelaaken perkawis meniko dumateng Sahabat Abdillah bin Mas’ud: sinten kimawon taubat ananging mboten ninggalaken kesombongan lan ageng-agengan, berarti piyambake dereng saget diwastani tiyang ingkang taubat.

Jamaah Jumat Rahimakumullah.

Taubat minongko dados kesempatan ingkang dipun cawisaken dening Gusti Allah marang kawulanipun ingkang sampun ngelampahi keluputan.

Ugi dados pepiling kagem kito sedoyo supados luweh parek dumateng Gusti Allah. Gusti Allah SWT sampun dawuh:

Baca Juga: Naskah Khutbah Jum’at Bahasa Sunda: Hikmah sareng Pelajaran tina Perjuangan Paléstina

إِنَّ اللهَ يُحِبُّ التَّوَّابِيْنَ وَيُحِبُّ الْمُتَطَهِّرِيْن

Saktemene Gusti Allah demen marang tiyang ingkang taubat, lan demen marang tiyang ingkang nyuciaken awake” (QS. Al-Baqarah: 222).

Sayyid Bakri bin Sayyid Muhammad Syatho ad-Dimyati wonten kitab Kifayatul Atqiya mertelaaken bilih syarat taubat niku wonten sekawan: 1. Getun marang duso ingkang sampun dilampahi, 2. Niat tenan mboten bade mbaleni ngelampahi duso, 3. Ngelereni ngelampahi duso, 4. Bebas saking hak adami arupi tanggung jawab ingkang dereng mantun kaliyan tiyang lintu.

Menawi sampun ngelampahi sekawan syarat kasebat, insyaAllah sedoyo kalepatan dipun apuro kaliyan Gusti Allah SWT. Meniko cocok kaliyan ayat:

وَإِنِّي لَغَفَّارٌ لِمَنْ تَابَ وَآمَنَ وَعَمِلَ صَالِحًا ثُمَّ اهْتَدَى

Lan saktemene ingsun (Allah) iku dzat kang akeh ngapuro marang tiyang ingkang taubat lan iman lan amal sholeh, lajeng tetep ingdalem pituduh” (QS. Thaha: 82).

Jamaah Jum’at ingkang minulyo.

Saking pepertelan kasebat, monggo kito sedoyo sareng-sareng cancut taliwondo ngelampahi kesaenan, lan cepet-cepet taubat, nyuwun ngapuro nalikane rumaos ngelampahi keluputan marang sederek, tetonggo, tiyang sepah lan marang Gusti Allah SWT.

Mugi-mugi kito sedoyo kecatet tiyang ingkang demen taubat, ngelereni perkawis awon, nyuwun ngapuro, kerso muhasabah marang penggalih piyambak, hinggo akhire dipun apuro kaliyan Gusti Allah SWT lan mlebet golongane tiyang taubat ugi nyuciaken awak.

Baca Juga: Naskah Khutbah Jum’at Bahasa Jawa: Nindakaken Amar Ma’ruf Nahi Munkar

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْأَنِ الْكَرِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْأَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، وَتَقَبَّلَ اللهُ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمِ، وَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

Khutbah Kedua

اَلْحَمْدُ لله حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا اَمَرَ, أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. امّا بعـد. فَيَاعِبَادَ الله، اُوْصِيْكُمْ وَنَفِى بِتَقْوَى اللهَ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْن.

قَالَ اللهُ تَعَالى, إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.  

اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنا إِبْرَاهِيْمَ، وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنا إِبْرَاهِيْمَ، فِي العَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ،

 اَللّهُمَّ اغْفِرْلِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلاَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ, اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَاإنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.

عِبَادَ اللهِ.. إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِي القُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ.  وَلَذِكْرُاللَّهِ اَكْبَرُ... أقِمُ الصَّلَه

Iki teks khutbah kanthi tema “Taubat Saking Ngelampahi Duso. Kapendhet saka khutbah Ustadz Ahmad Karomi.

Muga-muga bisa menehi manfaat kanggo kita kabeh, aamiin ya rabbal ‘alamin.***

Editor: Dinda Indah Puspa Rini

Sumber: jatim.nu.or.id

Tags

Terkini

Terpopuler