Khutbah Jumat Singkat, Rajab Bulan Menanam Kebaikan dengan Menggunakan Bahasa Jawa

3 Februari 2023, 06:37 WIB
Naskah Khutbah Jumat Rajab Bulan Menanam Kebaikan /

ZONABANTEN.com – Naskah khutbah Jumat kali ini mengangkat tema Rajab Adalah Bulan Menanam Kebaikan dengan menggunakan bahasa Jawa.

Umat Muslim bisa memanfaatkan moment bulan Rajab untuk menambah pahala sebanyak mungkin. Sebab, Bulan Rajab merupakan salah satu bulan yang mulia di sisi Allah SWT.

Naskah khutbah Jumat Bulan Rajab berikut akan memberikan penjelasan kepada jamaah bagaimana cara agar bisa menambah pahala di bulan Rajab.

Baca Juga: Khutbah Jumat Singkat, Peristiwa di Bulan Rajab dengan Menggunakan Bahasa Indonesia

Berikut ini, naskah khutbah Jumat dengan tema Rajab Adalah Bulan Menanam Kebaikan menggunakan bahasa Jawa.

KHUTBAH JUMAT PERTAMA

   اَلْحَمْدُ للهِ، اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِيْ فَضَّلَنَا بِشَهْرِ رَجَبَ، وَهُوَ الَّذِيْ اصْطَفَى نَبِيَّنَا مُحَمَّدًا ﷺ الْمُجْتَبَى الْمُؤَيَّد. اَللَّهُمَّ فَصَلِّ وَسَلِّمَ وَبَارِكْ وَتَرَحَّمْ وَتَحَنَّنْ عَلَى مَنْ بِهِ تُرْجَى شَفَاعَتُهُ يَوْمَ الْمَآبِ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ رَبُّ الْعِبَادِ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الْمَبْعُوْثُ إِلَى سَائِرِ الْأَعَاجِمِ وَالْعَرَب. أما بعد

فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْنِىْ نَفْسِيْ وَإِيَّاكُمْ بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ، سُبْحَانَ الَّذِي أَسْرَى بِعَبْدِهِ لَيْلًا مِنَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ إِلَى الْمَسْجِدِ الْأَقْصَى الَّذِي بَارَكْنَا حَوْلَهُ لِنُرِيَهُ مِنْ آيَاتِنَا إِنَّهُ هُوَ السَّمِيعُ الْبَصِيرُ

Jamaah Jumat Rahimakumullah

Kula berwasiat dhateng dhiri piyambak, ugi hadirin jamaah sekalian sumangga sareng-sareng ningkataken takwa dhateng allah kaliyan usaha nglampahaken perintah lan nebihi larangan-ipun.

Hadirin Jemuwah ingkang bahagia

Kados ingkang sampun kita mangertosi, Rejeb inggih meniko kelebet sasi wigatos lan utami lebet sawarsa.

Ing sasi meniko tiyang-tiyang dilarang nglampahaken peperangan lan ngangkat senjata. Dados sinten mawon rumaos aman.

Malah para pakar fiqih ngawrati sanksi diyat kangge sintena ingkang mejahi salah setunggaling tiyang ing bulan-bulan meniko kaliyan hukuman ingkang langkung awrat.

Baca Juga: Khutbah Jumat Singkat, Rajab Bulan Menanam Kebaikan dengan Menggunakan Bahasa Indonesia

AL-Imam Fakhruddin ar-Razi lebet tafsiripun njlentrehaken tentang sekawan sasi ingkang dimuliakan kasebat:

 وَمَعْنَى الْحُرُمِ: أَنَّ الْمَعْصِيَةَ فِيهَا أَشَدُّ عِقَابًا، وَالطَّاعَةَ فِيهَا أَكْثَرُ ثَوَابًا

Artosipun: Ingkang dipunmaksud kaliyan bulan-bulan ingkang dimuliakan ing ngriki, saestunipun maksiat lebeting sasi meniko siksanipun langkung awrat. Bilih nglampahaken ketaatan, pahalanipun bakal ditikelaken.

Ing sasi Rejeb meniko kedah dados pangemut kangge ngresiki badan saking kotoran maksiat. Sumangga kita lereni caci maki, nyebar kabar bohong, hoaks, fitnah ngerasani sesami warga lan sedoyo lampahan ingkang mboten patut dipunlampahaken dening tiyang muslim.

Ilingo, dosanipun bakal ditikelaken kaliyan Allah SWT.

Kita perlu waspodo, lampahan dosa ing sasi meniko mboten dolanan.

Menawi perang ingkang jelas-jelas mbela Agami Islam ing masa Rasulullah mawon dipunperintah mendel amargi ngurmati sasi mulia, menopo malih caci maki lan ujaran kebencian, mila kedahipun dipunkendelaken sameniko ugi. Mboten perlu ngentosi mbenjing-mbenjing.

Baca Juga: Khutbah Jumat, Peristiwa di Bulan Rajab dengan Menggunakan Bahasa Jawa

Sumangga kita wiwit konsentrasi mikir akhirat ingkang kekal, nyambut sasi pasa ingkang suci inggih meniko sasi Ramadhan.

Al-Imam Dzun nûn al-Mishriy sanjang:

 رَجَبٌ شَهْرُ الزَّرْعِ، وَشَعْبَانُ شَهْرُ السَّقْيِ، وَرَمَضَانُ شَهْرُ الْحَصَادِ

Artosipun: Rejeb inggih meniko sasi nanem, sya’ban inggih meniko sasi nyiram, dene pasa inggih meniko sasi panen.

 وَكُلٌّ يَحْصُدُ مَا زَرَعَ، فَمَنْ ضَيَّعَ الزِّرَاعَةَ نَدِمَ يَوْمَ الْحَصَادِ

Artosipun: Saben tiyang badhe ngunduh atas menopo ingkang piyambakipun tanem. barang sinten ingkang mboten ngerumat tanamanipun, piyambakipun badhe getun nalika mangsa panen.

Baca Juga: Khutbah Jumat Singkat, Peristiwa di Bulan Rajab dengan Menggunakan Bahasa Indonesia

Hadirin ingkang dirahmati Allah

Ing sasi rejeb dados sasi nanem meniko, sampun ngantos kita nandur keawonan.

Minimal, bilih kita mboten saged nanem kelawan bantu utawi ndamel tiyang sanes bungah, samboten-mbotenipun sampun ngantos kita ngrugikaken tiyang sanes.

Sampun ngantos ngelarani tiyang lintu. Sumangga wiwit saking sasi rejeb ingkang mulia meniko.

Amargi midherek mayoritas ulama, kelebet ing antawisipun inggih meniko Imam Nawawi lebeting kitabipun ar-raudhah jelasaken ing dalu tanggal 27 Rejeb, rumiyin Nabi Muhammad diisra’ utawi dititahkan Allah nglampahaken perjalanan dalu saking Baitul Haram, Makkah tumuju Baitul Maqdis, Palestina.

Sasampunipun, Rasul dipuninggahaken saking Baitul Maqdis, Palestina tumuju Sidratil Muntaha kaliyan dipunkancani malaikat Jibril.

Singkat cerito, ing ngriku Nabi Muhammad angsal mandat shalat gangsal wekdal ingkang dipunwajibaken dhateng sedaya umat Muhammad.

Maasyiral hadirin

Kaliyan momentum isra’ mi’raj meniko, sumangga kita ngemut-emut wangsul kepripun kita dipun muliaaken Allah, kita saget sowan dhateng Allah sawanci-wanci ing ndalem saben dinten saben dalu, kita dipunwajibaken sowan panguwaos alam semesta sakathah minimal kaping gangsal.

Tiyang biasa ingkang badhe kepanggih menteri tamtu mboten gampil. Saged dados wekdal ingkang dipunbetahaken dumugi sepekan nembe saged kepanggih.

Menopo malih presiden, mungkin saged dumugi sawulan nembe saged kepanggih. Meniko kita dipunperintah sowan dhateng presidenipun presidhen lebet sadinten ndalu tansah dipunsumanggakaken “open house”.

Baca Juga: Intip Peserta Pameran IIMS 2023, Dari Brand Besar Hingga Perang Teknologi Kendaraan Listrik

Meniko tamtu setunggaling pakurmatan saking panguwaos jagat raya.

Anehipun, atas pakurmatan meniko, kathah ingkang mboten saged manfaataken kesempatan kelawan ingkang sae.

Wonten ingkang dereng badhe shalat, utawi badhe shalat nanging taksih bolong-bolong. Naudzu billah.

Lantaran mimbar khutbah meniko kita ngajak, sumangga nata shalat. Ingkang dereng jamaah rutin ing masjid, bilih wonten uleman adzan, sumangga kita gumregah, enggal-enggal murugi uleman meniko.

Tiyang ingkang badhe donganipun terkabul, kedahipun bilih allah ngulemi enggal ngabulaken ulem-uleman ingkang rupinipun shalat.

Kaliyan shalat ing wiwiting wekdalipun insyaallah doa-doa badhe gampil diijabahi. Menopo malih shalat inggih meniko ibadah ingkang paling utami.

Rasulullah nate dipuntangleti: kegiatan menopo ingkang paling utami, ya Rasul? Lajeng Rasul mangsuli: shalat ana ing awal waktu.

Hadirin ingkang minulya

Kathah sanget hadits ingkang nyebat keutamaan shalat. ing antawisipun sabda Rasulullah:

 إِنَّ أَوَّلَ مَا يُحَاسَبُ بِهِ الْعَبْدُ يَوْمَ الْقِيَامَةِ مِنْ عَمَلِهِ صَلَاتُهُ فَإِنْ صَلُحَتْ فَقَدْ أَفْلَحَ وَأَنْجَحَ، وَاِنْ فَسَدَتْ فَقَدْ خَابَ وَخَسِرَ

Artosipun: Sabenere kang kaping kapisan dihisab ing siji kawula ing dina kiamat saka amale yaiku shalat. Menawa shalate becik, tenane dheweke untung lan sukses. Menawa rusak shalate tenane dheweke dadi wong kang rugi. (HR. Abu Dawud, an-Nasai lan at-Tirmidziy).

Ingkang perlu dados cathetan inggih meniko, menawi shalat mboten angsal ngadeg piyambak. Piyambakipun kedah dipunjangkepi syarat, rukun.

Wudhunipun kedah cocog aturan, adusipun kados pundi, waosan fatihah-ipun kados pundi, meniko ingkang betah kita introspeksi.

Sampun cocog aturan syara utawi dereng? Menawi dereng, sampun sungkan sowan kiai utawi ustadz kangge sinau.

Pados guru ingkang saged mbimbing dhateng Allah. Sampun ngantos pados ustadz ingkang malah nebihaken dhateng Allah.

Mugi-mugi kita lan keluwarga kita senantiasa angsal pitulungan saking Allah subhanahu wa taala ugi dipun paring pitulungan dados tiyang sae, gampil nglampahaken shalat lan amal-amal sae ingkang sanes. amin.

   بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَجَعَلَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاِت وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. إِنَّهُ هُوَ البَرُّ التَّوَّابُ الرَّؤُوْفُ الرَّحِيْمُ. أعُوذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطانِ الرَّجِيْم، بسم الله الرحمن الرحيم، وَالْعَصْرِ (١) إِنَّ الْإِنْسَانَ لَفِي خُسْرٍ (٢) إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ (٣) ـ  وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ أَرْحَمُ الرّاحِمِيْنَ

KHUTBAH JUMAT 2

   اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ إِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِي إلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا  

أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوا اللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ الْمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللَّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ 

اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ، اللهُمَّ أَعِزِّ اْلإِسْلاَمَ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَالْمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ الْمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَائَكَ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَأَعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتَنِ وَاْلمِحَنِ، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خَآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ

عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَالْمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ

Demikian naskah khutbah Jumat dengan tema Rajab Adalah Bulan Menanam Kebaikan menggunakan bahasa Jawa.***

Editor: Rahman Wahid

Sumber: KhutbahSingkat.com

Tags

Terkini

Terpopuler