Khutbah Jumat Singkat, Fadhillah Puasa di Bulan Rajab dengan Menggunakan Bahasa Jawa

27 Januari 2023, 07:06 WIB

ZONABANTEN.com - Memasuki bulan Rajab tahun 1444 H, tentunya umat Islam menyongsong satu hari bersejarah bagi umat Islam yakni Isra Miraj.

Namun ternyata, selain Isra Miraj, ada ada banyak amalan mulia di bulan Rajab.

Salah satu amalan di bulan Rajab yaitu puasa yang memiliki fadhillah akan diringankan siksa kubur.

Hal ini sebagaimana kisah yang diceritakan oleh sahabat Tsauban dalam materi khutbah berikut ini.

Berikut ini, teks khutbah Jumat tentang fadhillah puasa di bulan Rajab dengan menggunakan Bahasa Jawa.

Baca Juga: Khutbah Jumat Singkat, Fadhillah Puasa di Bulan Rajab dengan Menggunakan Bahasa Indonesia

KHUTBAH JUMAT PERTAMA

اَلْحـَمْدُ لِلّٰهِ, اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِي عَلَّمَ باِلْقَلَمِ* وَاَنْعَمَ عَلَيْنَا بِنِعْمَةِ الْأِيمَانِ وَالْأِسْلاَمِ* أَشْهَدُ أنْ لاَإِلَهَ إِلاَّاللّٰهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ اْلمَلِكُ اْلقُدُّوْسُ السَّلَامُ * وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ خَيْرُ اْلاَناَمِ* أَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمِ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ المُصْطَفَى بَدْرِالتَّمَامِ * صَلاَةً تَشْفِيْنَا بِهَا مِنَ الدَّاءِ وَالْأَسْقَامِ * وَعَلَى أَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الزِّحَامِ * أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللّٰهِ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَايَ بِتَقْوَى اللّٰهِ خاَلِقِ الْأَنَامِ * تَدْخُلُوْا جَنَّةَ رَبِّكُمْ باِلسَّلاَمِ

Jamaah shalat jemuwah rahimakumullah

Kawula ngajak dhiri piyambak lan Poro jamaah sekalian kangge senantiasa ningkataken ketakwaan Kito dhateng Allah subhanahu wa ta’ala, kaliyan menunaikan sedoyo perintah-perintah-ipun, ugi nilaraken lan nebihi sedoyo larangan-ipun.

Hadirin jama’ah jum’ah rahimakumullah

Mboten kraos Kito sampun mlebet sasi rejeb. Sejatosipun wekdal meniko melampah kados lazimipun, kejawi timbul saking pangraosan pribadi lantaran sikap abai utawi mboten perduli. Allah mlebetaken sasi Rejeb salah satunggaling sasi haram, ingkang dimuliaaken. Allah berfirman lebet Surah At Taubah:

 إِنَّ عِدَّةَ الشُّهُورِ عِنْدَ اللّٰهِ اثْنَا عَشَرَ شَهْراً فِي كِتَابِ اللّٰهِ يَوْمَ خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ مِنْهَا أَرْبَعَةٌ حُرُمٌ

“Setuhune cacahing sasi miturut Allah yoiku rolas sasi, (koyo dene) ing ndalem katetepan Allah ing wayah Allah nyiptakake langit lan bumi, ing antarane ana patang sasi haram”. (QS. at-Taubah: 36)

Sasi haram inggih meniko sekawan sasi selain Ramadhan, inggih meniko Dzulqa’dah, Dzulhijjah, Muharram, dan Rajab. Lebeting sasi rejeb ibadah dados istimewa amargi dipunlampahaken ing sasi istimewa.

Baca Juga: Khutbah Jumat Singkat, Tiga Amalan Mulia di Bulan Rajab dengan Menggunakan Bahasa Jawa

Kelebet ibadah siyam ing sasi Rejeb dipunanjuraken sanget, Rasulullah S.A.W bersabda:

 إِنْ أَرَدْتُمُ الرَّاحَةَ وَقْتَ الْمَوْتِ مِنَ الْعَطْشِ وَالْخُرُوْجَ مَعَ الْأِيْمَانِ وَالنَّجَاةَ مِنَ الشَّيْطَانِ * فَاَخْتَرِمُوْا هَذِهِ الشُّهُوْرَ كُلَّهَا بِكَثْرَةِ الصِّياَمِ وَالنَّدَمِ عَلَى مَا سَلَفَ مِنَ الْأَثَامِ وَاذْكُرُوْا خَالِقَ الْأَنَامِ تَدْخُلُوْا جَنَّةَ رَبِّكُمْ باِلسَّلاَمِ

Menawa siro kabeh pengin tenang nalika mati soko ngelak, lan metu soko donyo nggowo Iman, uga slamet soko syaithan, mula mulyakno sasi-sasi mulya iki karo poso, nggetuni dosa-dosa kang wis keliwat, akeh-akehno dzikir marang sang pancipta makhluq, mulo siro kabeh arep mlebu menyang swargo pengeranmu kelawan slamet.

Hadirin jama’ah jum’ah rahimakumullah

Midherek hadits kasebat, mulyaaken sasi rejeb meniko, Allah bakal paring anugerah ketetapan Iman, lan pungkasanipun mlebet suwarga kaliyan wilujeng.

Diriwayataken saking shahabat Tsauban, menawi setunggaling dinten Tsauban sareng Rasulullahi sallallahu ‘alaihi wa sallam, ngelewati setunggaling kuburan, ndadak Rasulullahi sallallahu’ alaihi wa sallam mendel, lajeng berdo’a kalih nangis.

Sahabat Tsauban tanglet dhateng Rasulullah: wahai rasulullah, kenging menopo panjenengan mendel lan nangis?

Rasulullahi sallallahu ‘alaihi wa sallam mangsuli: Wahai Tsauban, Poro ahli kubur ing alam kubur iki lagi disikso, terus aku ndungo kanggo dheweke, terus Allah ngeringanke sikso dheweke.

Rasulullahi sallallahu ‘alaihi wa sallam bersabda: “Umpamane ahli kubur iki kala gesang ing donyo poso sanadyan sedino, lan melek sanadyan namung suwengi ing sasi Rejeb, niscaya dheweke gak bakal disikso ing alam kubur”. Tsauban tanglet malih: Wahai rasulullah, menopo siyam namung sadinten, lan melekan namung suwengi ing sasi rejeb meniko saged nolak sikso kubur? Rasulullahi sallallahu ‘alaihi wa sallam bersabda:

 ياَثَوْبَانُ ، وَالَّذِى بَعَثَنِى باِلْحَقِّ نَبِيًّا مَا مِنْ مُسْلِمٍ وَمُسْلِمَةٍ يَصُوْمُ يَوْمًا وَيَقُوْمُ لَيْلَةً مِنْ رَجَبَ يُرِيْدُ بِهِمَا وَجْهَ اللّٰهِ إِلَّا كَتَبَ اللّٰهُ لَهُ عِبَادَةَ سَنَةٍ صَامَ نَهَارَهَا وَقَامَ لَيَالِيْهَا (زبدة الو اعذين)

 “Hai Tsauban, demi Dzat kang ngutus aku nggowo agomo kang hak, dadi Nabi, ora ana siji muslim utowo muslimahpun kang poso sanadyan mung sedino, lan jaga sanadyan mung sawengi ing sasi rejeb amergo ngarep-arep Ridla Allah, kecuali Allah arep nyathet kanggo koyo ngibadah satahun, kang dheweke poso ing awan dinane lan jogo ing wengi dinane.” (Zubdatul wa’idhin).

Baca Juga: Khutbah Jumat Singkat, Tiga Amalan Mulia di Bulan Rajab dengan Menggunakan Bahasa Jawa

Hadirin jama’ah jum’ah rahimakumullah

Lajeng kapan wekadipun siyam rejeb? Mboten wonten ketentuan mesthi kapan wekdalipun siyam Rejeb, wonten riwayat ingkang sanjang wiwiting sasi, pertengahan lan akhir sasi Rejeb. Wonten ugi ingkang riwayataken langkung utami siyam ing wiwiting rejeb.

Mekaten ugi kaliyan jumlah siyam, wonten ingkang matur saged siyam sa dinten, siyam tigang dinten, siyam pitung dinten, siyam sedoso dinten lan malah saged kados siyam dawud inggih meniko sadinten siyam, sadinten mboten kados meniko salajengipun ngantos sasi rejeb telas. Ingkang mboten angsal inggih meniko siyam rejeb salami sa sasi muput.

Hadirin jama’ah jum’ah rahimakumullah Kapan lanpinten jumlah siyam rejeb, ingkang penting Kito saged siyam ing sasi mulio meniko sanadyan namung 1 dinten. Pramila, sumangga Kito manfaataken kesempatan meniko kanthi sa sae-saenipun kangge ngatah-ngatahaken amal sholeh. Mugi-mugi Allah senantiasa ngelimpahaken Rahmat-ipun dhateng Kito sami. Amin

بَارَكَ اللّٰهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْم  , وَنَفَعَنِي وَإِيَّا كُمْ بِااْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ  إِنَّهُ هُوَ التَّوَّابُ الرَّحِيْمُ وَقُلْ رَبِّ اْغفِرْوَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الَّراحِـمِيْنَ

KHUTBAH JUMAT KEDUA

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ أَمَرَنَا بِاْلاِتِّحَادِ وَاْلاِعْتِصَامِ بِحَبْلِ اللّٰهِ الْمَتِيْنِ. أَشْهَدُأَنْ لاَإِلَهَ إِلاَّ اللّٰهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ، إِيَّاهُ نَعْبُدُ وَإِيَّاُه نَسْتَعِيْنُ,  وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، اَلْمَبْعُوْثُ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ  اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِناَ مُحَمَّد ٍوَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ  أَجْمَعِيْنَ.

 أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللّٰهِ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللّٰهِ وَأَشْـكُرُوْهُ ، وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللّٰهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ عَظِيْمٍ، أَمَرَكُمْ بِالصَّلَاةِ وَالسَّلَامِ عَلَى نَبِيِّهِ الْكَرِيْمِ، فَقَالَ: اِنَّ اللّٰهَ وَمَلٰۤىِٕكَتَهٗ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّۗ يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا، اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ سَيِّدِ الْمُرْسَلِيْنَ * وَعَلٰى أٰلِهٖ وَصَحْبِهٖ وَالتَّابِعِيْنَ * وَتَابِعِ التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلٰى يَوْمِ الدِّيْنِ * وَارْحَمْنَا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ

اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ * وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ * إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُّجِيْبُ الدَّعَوَاتِ * اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْبَلَاءَ * وَالْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالْفَحْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ * وَالْبَغْيَ وَالسُّيُوْفَ الْمُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ * مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ * مِنْۢ بَلَدِنَا هٰذَا خَٓاصَّةً * وَمِنْۢ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَٓامَّةً * إِنَّكَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ * رَبَّنَا اغْفِرْلَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا بالْإِيـْمَانِ* وَلاَ تَجْعَلْ فِيْ قُلُوْبِنَا غِلًّا لِّلَّذِيْنَ أٰمَنُوْا رَبَّنَا إِنَّكَ رَؤُوْفٌ رَّحِيْمٌ

عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ

Demikian teks khutbah Jumat dengan tema fadhillah puasa di Bulan Rajab.***

Editor: Rahman Wahid

Tags

Terkini

Terpopuler