Khutbah Jumat Singkat, Tiga Amalan Mulia di Bulan Rajab dengan Menggunakan Bahasa Jawa

- 27 Januari 2023, 06:52 WIB
Teks Singkat Khutbah Jumat Terbaru 27 Januari 2023. Amalan Mulia Bulan Rajab,
Teks Singkat Khutbah Jumat Terbaru 27 Januari 2023. Amalan Mulia Bulan Rajab, /pixabay

Alhamdulillah, Saat meniko kito sampun mlebet ing sasi Rejeb ……. hijriyah. Perlu dipun mangertosi menawi Rejeb inggih meniko sasi istimewa, mila sumonggo kesempatan jemuwah ing sasi Rejeb kito dadosaken kesempatan kangge ningkataken takwallah. Inggih meniko kelawan nglampahaken perintah lan nebihi ingkang dilarang Allah SWT.

Hadirin Rahimakumullah

Kedah kito syukuri keranten Rejeb kelebet sasi ingkang mulia. Tembung Rejeb asalipun saking tembung “tarjib” ingkang gadhah makna agung lan mulia. Allah SWT maringi keistimewaan kaliyan rejeb ing antawis bulan-bulan sanes ingkang ugi nyandang predikat mulia, inggih meniko Muharram, Dzulhijjah, Dzulqa’dah, lan Rejeb. Sasi rejeb inggih meniko sasi ingkang kebak rahmat, anugerah, lan kesaenan saking Allah SWT.

Midherek Syekh Abdul Qodir al-Jilani Lebeting Kitob al-Ghuniyah, Rejeb meniko saking tigang aksara, inggih meniko ra’, jim, lan ba’. Ra’ inggih meniko Rahmatullâh (rahmat allah), Jim inggih meniko jûdullâh (kegampilan Allah), lan ba’ inggih meniko birrullâh (kesaenan Allah).

Tegesipun, wiwit awal ngantos akhir sasi Rejeb, Allah Swt ngelimpahaken 3 anugerah dhateng kawulo-kawulo-ipun, inggih meniko limpahan rahmat, kegampilan, lan kesaenan saking Allah SWT. Meniko nunjukaken kamulyan lan keagungan saking sasi rejeb.

Baca Juga: Khutbah Jumat Singkat, Tiga Amalan Bulan Rajab dengan Menggunakan Bahasa Indonesia

Kamulyan sasi rejeb saya bertambah kelawan peristiwa monumental Isra’ lan Mi’raj Nabi Muhammad SAW saking Masjidil Haram Makkah tumuju Masjidil Aqsho Palestina.

Lajeng dipunlajengaken saking Masjidil Aqsha tumuju Sidratil Muntaha kangge sowan Allah SWT sang pencipta alam semesta. Sakepripun Firman Allah SWT lebet serat isra’ ayat 1:

 سُبْحٰنَ الَّذِيْٓ اَسْرٰى بِعَبْدِهٖ لَيْلًا مِّنَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ اِلَى الْمَسْجِدِ الْاَقْصَا الَّذِيْ بٰرَكْنَا حَوْلَهٗ لِنُرِيَهٗ مِنْ اٰيٰتِنَاۗ اِنَّهٗ هُوَ السَّمِيْعُ الْبَصِيْرُ

Artosipun: Moho-suci Allah, kang wis memerjalankan kawulane ing siji wengi saka Masjidil Haram menyang Masjid Aqsho kang wis kito berkahi sekelilinge ben kito tuduhake sebagian soko tondho-tondho (kebesaran) kito. Setuhune Allah yaiku moho mirengake lagi moho weruh.”

Halaman:

Editor: Rahman Wahid

Sumber: KhutbahSingkat.com


Tags

Artikel Pilihan

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah

x